Buku Novel


BUKU NOVEL

Dinten sabtu ingkang sae, menawi dinten manika Desi lan kancanipun pada cerita-cerita wonten ing ngandap wit ringin.
“Des, aku wingi ngerti novel anyar lo...” kandane Bakti.
“Novel apa bek????....” jawab Desi.
“Novel lanjutane Laskar Pelangi “ jawab Bakti.
“Ha enek lanjutane to..???, Wah’... kudu moco iku.” Desi.
“Iya tapikan hurung enek nek Wonosari,” saut Rahman.
“Tenang nek Jogja wes enek kok, arene mbak ku.” lanjut Yono.
“Hem... lhayo kuwi” desi karo guyon.
“Ngapa???..”saut Yono ngguyu.
“Ra oleh medun”Jawab Desi.
Gayeng-gayeng cerita Desi di kengken wangsul kalihan ibune. Lajeng Desi pamitan kalihan kanca-kancanipun. Dugi wonten ngriya, Desi di kengken ibune blanja sayur wonten warungipun mbak Asih. Pesenipun ibu injeh manika di kengken tumbas bayem, wortel, brambang, bawang lan ceme. Wah... sajakipun mantep niku, nek dipun damel sayur bening.
Wonten ing dalan Desi mlapah ujik-ujuk ketemu kalihan mas Yanto (kakak kelasipun Desi). Ananging ingkang setunggal niki Desi nyapa kados tiang ingkang kesumsem kalihan tiang jaler. Jantungipun Desi dak-dik-duk ngantos sukunipun ngregeli. Namung Desi tetep mlampah nuju warungipun mbak Asih. Akhire Desi dugi wonten warung ugi ngendika.
“Kulanuwun mbak, badhe tumbas..” Swaranipun Desi rada ngreggeli.
“Injih mangga mbak, badhe tumbas menapa???” jawabipun mbak Asih.
“Badhe tumbas bayem mbak kalih wortel 4 biji, brambang, bawang, kalih ceme.” Desi kados ramah.
“Uhhh.. injih mbak, Badhe nyayur bening nggih??..wah seger niku..” wangsulanipun mbak Asih ramah.
“Heheemmm...lha injih mbak” Desi nguyu.
Sak sampunipun Desi ngulungakaen arta. Mbak Klara rawuh ( putrinipun mbak Asih ingkang saking Jogja). Desi nyapa lajeng pada salam-salaman. Kalihan ngendhika
“Piye kabare Des..?” ngendikaning mbak Klara.
“Alhamdulillah sae mbak, njenengan pripun??” jawab Desi.
“Alhamdulillah ya padha.Eh..mbok cok dolan kowe ki??..” ajak mbak Klara.
“Injih mbak kapan-kapan kula mriku.”
“Uhhh...yoyoyo,, tak tunggu lho”
“OK..mbak” Desi ngrijo.
Saksampunipun dugi wonten ing ngriya ugi masak sayur kalihan ibu. Desi rajang-rajng sayur ibu masak. Wahh... enak e .. sayur sampun mateng. Meja makan dipun tata sayur, sambel lan sak kanca-kancanipun. Dahar siang sampun siap...!!! Mengkeh rumiyin njih Desi nembe dahar kalihan ibu.
Dina sampun sore, menawi Desi mboten enten acara menapa-menapa Kelingan aturipun mbak Klara, Desi dolan wonten ngriyanipun mbak Klara. Ketok ngarep ipun griyanipun Bekti. Desi ngajak Bekti ngancani dewek e. Lajeng padha dolan bareng-bareng. Akhiripun dugi wonten ngriyanipun mbak Klara.
“Toktok..toktoktok...” swara pintu diketok.
“Kulanuwun...mbak..”swarane Desi karo Bekti.
“Mangga,, ehhh..Desi, monggo Des mlebu kene...!!!” ajak mbak Klara.
“Injih mbak maturnuwun”jawab Desi kalihan Bekti barengan.


Wonten ing njero ngriya Desi lab Bekti cerita-cerita bareng Kalih mbk Klara. Inkang paling mantep dipun suguh wedang teh kalih roti wafer. Srupat-sruput nyambi cerita mboten krasa wektu ngantos ndhalu. Desi lan Bekti ugi pamitan wangsul. Sak dherengipun mlampah medal, Desi dipun tawari buku bacaan utawi novel. Boten dikira, ndilalah buku ingkang disilihke Desi niku buku novel Sang Pemimpi. Wah... atinipun Desi langsung bungah. Buku ingkang ditumbas, malah langsung saged diwaca tanpa nunggu edaran buku wonten Wonosari. Desi langsung pamit kalih ngguya-ngguyu. Pocap matur nuwun boten ketinggalan dipunucapakaen kaliyan Mbak Klara.






motivasi untuk anda yg hilang harapan https://youtu.be/0RmOklC1sls dan video menarik lainya di https://www.youtube.com/channel/UCny6-rabWFMSJ49TD-eDB2A 

juga di


........terimakasih......

Komentar